penugasan alih aksara jawa
Wedhus Prucul
Dening Asti Pradnya Ratri
1. Ing sawijining alas gedhe ana macan kang seje karo macan liyane. Yen macan
umume mangan daging kewan liyane kanthi cara mburu, mateni banjur
dipangan, dene macan loreng aran sima mau ora gelem mateni dhisik. Geleme
mangan kewan liya yen kewan mau mati dhisik merga dikerah kewan liya, utawa
mati lara. Sing baku anggone mangan daging kewan ora merga dheweke sing
mateni.
2. Sima duwe kanca kenthel kang aran mundhing. Kebo ginuk-ginuk kanthi ati
resik lan tulus, kewan loro iki sasate kaya mimi lan mintuna. Rukun bangt, golek
pangan bebarengan runtang runtung ing endi papan, yen sima durung antuk
mangsan mundhing tansah setya ngancani sima golek pangan tekan ngendi wae.
Sawijining dina anggone golek pangan sima lan mundhing nganti tekan alas kang
subur, jenenge alas wilis, maneka wit lan sesuketan kari milih. Swasanane katon
edhum lan kepenak.
3. Mundhing lan sima lagi pisan kuwi ngambah alas wilis, kewan loro katon
bungah. Sima sidane antuk pangan kang maregi banget, ana pedhet kang durung
suwe mati merga lara. Katon olehe isih anget awake. Mundhing uga ora kalah
warege, memangan suket ana sacedhake sima mangan mangsane mau. “Ma,
mataku kok rasane wis abot iki, kewaregen suket sajake, dak merem sik, ya”
cluluke mundhing marang sima kang lagi reresik awak bubar ngentekke
pangane.
4. “iya, aku ya ngantuk ya ngantuk banget iki, mapan ana ngisor uwit kae ya” Sima
ngejak mudhing marani wit ringin kang katon edhum. Mundhing nginthil ana
mburine. Kewan loro mau ngruntel jejer. turu kepati. Saka kadohan katon ana
kethek kang ngawasi sapira polahe sima lan mundhing. Si kethek katon cingak
dene ana macan lan mangsane urip rukun kaya dene jinise dhewe.
5. Alon-alon kethek mau nyedhaki papane sima lan mundhing turu. “Yen duwe
kanca wurekenthel kok kewan sing kudune di wedeni dening kewan liyane,
mendah eba senenge, aku ora prelu kangelan golek pangan dhewe, e.. e..
e…pangudarasane kethek sinambi ongkang-ongkang ana wit kang thethukule
ora adoh saka wit ringin mau. Kethek banjur golek akal kepiye carane supaya
kewan loro mau bisa mungsuhan.
6. Ngancik srengenge ngatonake cahyane, sima lan mundhing tangi meh bareng.
Lagi wae arep menyang sendhang sacedhake kono, kewan loro mau katekan si
juris kang dumadakan wis methangkring ing wit sadhuwure sima lan mundhing
turu. E can macan, kowe kuwi dadi kewan kok olehe bodho banget. Juris miwiti
tembung. Kethek sinambi ongkang-ongkang ana wit thethukule ora adoh saka
wit ringin mau. Kethek banjur golek akal kepiye carane supaya kewan loro mau
bisa mungsuhan.
7. Kowe kuwi sapa esuk-esuk kok olehe cecaturan ora ngepenakake kuping,
Mundhing semaur.
Ha ha ha , kebo ngono wangune ya bodho. Mula takon sapa aku. Wis genah
blegerku kethek kok isih takon. Juris saya ndadra anggone ngece.
Em, piye karepmu kok ngece aku lan sedulurku iki, takone sima. Ha ha ha ha,
sedulur saka ngendi cetha yen ta blegermu lan kewan iki beda banget kok
sedulur. Ngertia can, kebo iki mung arep njupuk bathine dhewe. Juris miwiti
sedyane.
Komentar
Posting Komentar