Postingan

Menampilkan postingan dari Agustus, 2026

penugasan alih aksara jawa

 Wedhus Prucul Dening Asti Pradnya Ratri 1. Ing sawijining alas gedhe ana macan kang seje karo macan liyane. Yen macan umume mangan daging kewan liyane kanthi cara mburu, mateni banjur dipangan, dene macan loreng aran sima mau ora gelem mateni dhisik. Geleme mangan kewan liya yen kewan mau mati dhisik merga dikerah kewan liya, utawa mati lara. Sing baku anggone mangan daging kewan ora merga dheweke sing mateni. 2. Sima duwe kanca kenthel kang aran mundhing. Kebo ginuk-ginuk kanthi ati resik lan tulus, kewan loro iki sasate kaya mimi lan mintuna. Rukun bangt, golek pangan bebarengan runtang runtung ing endi papan, yen sima durung antuk mangsan mundhing tansah setya ngancani sima golek pangan tekan ngendi wae. Sawijining dina anggone golek pangan sima lan mundhing nganti tekan alas kang subur, jenenge alas wilis, maneka wit lan sesuketan kari milih. Swasanane katon edhum lan kepenak. 3. Mundhing lan sima lagi pisan kuwi ngambah alas wilis, kewan loro katon bungah. Sima sidane antuk p...